7 Nanging pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Samuel: “Aja mawang marang paraupan lan dhuwuring dedege, amarga iku wis Suntampik. Pamirsane Gusti Allah iku beda karo pamawange manungsa; manungsa mung nyawang marang kang kasat-mripat; nanging Sang Yehuwah mirsani isining atine.”
8 Isai nuli ngundang Abinadab lan dikon lumaku liwat ing ngarsane Nabi Samuel, nanging Nabi Samuel ngandika: “Wong iki iya ora dipilih dening Sang Yehuwah.”
9 Isai banjur ngundang Syama, nanging Nabi Samuel ngandika: “Wong iki uga ora dipilih dening Sang Yehuwah.”
10 Mangkono anggone Isai akon anake pitu lumaku liwat ana ing ngarsane Nabi Samuel, nanging Nabi Samuel ngandika marang Isai: “Iku kabeh ora ana kang dipilih dening Sang Yehuwah.”
11 Nabi Samuel ngandika marang Isai: “Apa iki wis anakmu kabeh?” Wangsulane Isai: “Ingkang wuragil taksih kantun, nanging saweg angen menda.” Nabi Samuel dhawuh marang Isai: “Mara undangen amarga aku ora bakal kembul mangan, sadurunge iku teka mrene.”
12 Tumuli kongkonan methuk anake. Pasemone sumringah, mripate endah, warnane bagus. Sang Yehuwah banjur ngandika: “Ngadega jebadana, yaiku wonge!”
13 Nabi Samuel banjur mundhut wadhahe sungu kang isi lenga lan Dawud dijebadi ana ing satengahing sadulur-sadulure. Wiwit ing dina iku lan sabanjure Rohe Sang Yehuwah nunggil karo Dawud. Nabi Samuel banjur tindak kondur menyang ing Rama.