1 Bareng wus rampung anggone Dawud munjuk marang Sang Prabu Saul, galihe Pangeran Yonatan cumanthel marang Dawud lan Pangeran Yonatan nresnani Dawud prasasat marang sarirane piyambak.
2 Ing dina iku Dawud kadhawuhan ndherek Sang Prabu Saul lan ora kepareng mulih menyang omahe wong tuwane.
3 Pangeran Yonatan nganakake prajanjian karo Dawud awit dene panjenengane anggone nresnani Dawud prasasat marang sarirane piyambak.
4 Pangeran Yonatan ngrucat pangagemane lan kaparingake marang Dawud dalah pangagemane perang tumeka pedhang, panahe lan sabuke.