1 Samuel 18:16-22 JAV

16 nanging sakehing wong Israel lan Yehuda padha asih marang Sang Dawud, amarga panjenengane mimpin samobah-mosiking bala.

17 Sang Prabu ngandika marang Sang Dawud: “Iki putraningsun putri pembayun, Merab; iku bakal suntrimakake marang sira, dadi bojonira, mung bae dadia wong prawira kagem ingsun lan andona perange Sang Yehuwah.” Awit Sang Prabu nggalih: “Aja nganti tanganku kang nglawan, kareben katempuh dening tangane bangsa Filisti.”

18 Ewadene Sang Dawud munjuk marang Sang Prabu: “Kawula punika sinten ta lan sinten sanak sadherek kawula, kulawarganipun bapak kawula, ing antawisipun tiyang Israel, kok kawula ngantos dados mantuning ratu?”

19 Nanging nalika tumeka ing wektune maringake Sang Putri Merab, putra putrine Sang Prabu Saul mau, Sang Putri mau jebul diparingake marang Sang Adriel, wong ing Mehola, dadi garwane.

20 Nanging Sang Putri Mikhal, putrane putri Sang Prabu Saul, kasmaran marang Sang Dawud; nalika bab iku diunjukake marang Sang Prabu Saul, panjenengane marengake.

21 Awit Sang Prabu nggalih: “Prayoga Mikhal suntrimakake marang Dawud, supaya dadi kalajiret tumrap Dawud lan tangane wong Filisti kareben nglawan dheweke!” Sang Prabu Saul banjur ngandika marang Sang Dawud kang kaping pindhone: “Ing dina iki sira sunpundhut mantu.”

22 Sang Prabu ndhawuhi marang para abdine: “Tutura marang Dawud kanthi sesidheman mangkene: Sayektosipun Sang Prabu punika resep dhateng panjenengan sarta para punggawanipun sami asih dhateng panjenengan; milanipun panjenengan karsaa kapundhut mantu dening Sang Prabu.”