25 Sang Prabu nuli ngandika maneh: “Tutura marang Dawud mangkene: Sang Prabu boten mundhut tumbasan, kejawi namung ikutipun tiyang Filisti satus minangka pamalesipun Sang Prabu dhateng mengsahipun.” Karsane Sang Prabu Saul tiwase Dawud lumantar wong Filisti.