1 Sang Prabu Saul ngandika marang Pangeran Yonatan, putrane lan para punggawane kabeh, yen Sang Dawud kudu disedani. Nanging Pangeran Yonatan, putrane Sang Prabu Saul, tresna banget marang Sang Dawud,
2 temah panjenengane nglairake prakara iku marang Sang Dawud: “Kanjeng rama mbudidaya badhe nyedani panjenengan, milanipun mbenjing-enjing kula aturi, ngatos-atos, panjenengan kula aturi wonten ing satunggaling papan pangungsen tuwin kula aturi singidan wonten ing ngriku.
3 Kula badhe medal ndherekaken kanjeng rama wonten ing ara-ara pasingidan panjenengan punika. Kula badhe ngaturi rembag bab panjenengan dhateng panjenenganipun, badhe kula tingali kadospundi kawontenanipun lan kula lajeng ngaturi pirsa dhateng panjenengan.”
4 Pangeran Yonatan ngaturake bab kabecikane Dawud marang Sang Prabu Saul, ramane unjuke: “Sang Prabu sampun ngantos nandukaken piawon dhateng Dawud, ingkang abdi, amargi piyambakipun boten nandukaken piawon dhateng panjenengan dalem, malah punapa ingkang katindakaken punika rak sae sanget, tumrap panjenengan dalem.