21 Prakara iku diaturake marang Sang Prabu Saul; Sang Prabu Saul nuli utusan wong-wong liyane, nanging wong-wong iku uga katedhakan ing Roh kaya nabi. Sang Prabu nuli utusan wong-wong maneh, kang kaping telune, lan wong-wong iku uga katedhakan ing Roh.
22 Tumuli Sang Prabu Saul tindak piyambak menyang ing Rama. Sarawuhe ing sacedhake sumur gedhe ing Sekhu, nuli ndangu: “Nabi Samuel lan Dawud ana ing ngendi?” Atur wangsulane wong: “Wonten ing Nayot, sacelakipun Rama.”
23 Sang Prabu nuli tindak mrana menyang ing Nayot, ing sacedhake Rama lan panjenengane uga kenjingan ing Rohe Allah lan sajrone nerusake tindake iya kapenuhan Roh kaya nabi, nganti rawuh ing Nayot, ing sacedhake Rama.
24 Sang Prabu uga lukar pangagemane lan uga medhar wangsit ana ing ngarsane Nabi Samuel. Sang Prabu dhawah gumluntung kalawan lukar pangageman sadina sawengi muput. Iki jalarane wong banjur ngucap: “Apa Sang Prabu Saul uga kagolong para nabi?”