1 Hana banjur ndedonga, unjuke:“Manah kawula abingah-bingah margi Sang Yehuwah,singating karosan kawula linuhuraken dening Sang Yehuwah;cangkem kawula ngolok-olok satru kawula,awit kawula asuka-rena margi saking pitulungan Paduka.
2 Boten wonten ingkang sucinipun nyameni Paduka,margi boten wonten sanesipun kejawi Paduka,lan boten wonten redi parang ingkang kados Gusti Allah kawula.
3 Kowe aja tansah umuk-umukan,aja ana panyenyamah kang kawetu saka ing cangkemmu.Amarga Sang Yehuwah iku Gusti Allah kang mahawikan,lan kabeh panggawemu dinadar ing Panjenengane.
4 Gandhewane para prawira wis putung,nanging para wong kang gloyoran lambunge disingseti klawan karosan.
5 Sing sapa wareg dhisik, saiki bakal buruh golek pangan,nanging wong kang luwe dhisik, saiki bisa ngaso.Malah wong kang gabug, nglairake anak pitu,nanging wong kang sugih anak, dadi loyo.
6 Sang Yehuwah iku ngganjar pati-urip,Panjenengane nyemplungake wong marang ing jagade wong mati lan ngentas saka ing kono.
7 Sang Yehuwah paring mlarat lan sugih,Panjenengane ngesorake lan ngunggulake uga.