14 lan dijojohake ing kenceng, kuwali, wajan utawa kendhil. Apa kang katut ing cukit iku dadi darbeke imam dhewe. Kaya mangkono panggawene marang saben wong Israel, kang teka ana ing Silo kono.
15 Malah sadurunge gajihe diolah, bature imam iku teka lan kandha marang kang saos kurban: “Ngaturana daging marang imam, arep dipanggang, amarga karsane mundhut daging kang durung diolah, mung kang mentah bae.”
16 Manawa diwangsuli: “Gajihipun rak kedah dipun panggang rumuyin, manawi sampun sumangga mendheta sakajeng sampeyan,” batur mau tumuli mangsuli: “Saiki uga kudu kokulungake, yen ora, bakal dakrebut.”
17 Dadi dosane wong anom loro iku gedhe banget ana ing ngarsane Sang Yehuwah, amarga banget nyepelekake kurban, kang katur marang Sang Yehuwah.
18 Anadene Samuel ngabdi ana ing ngarsane Sang Yehuwah; Samuel iku isih bocah, kang asabuk efod lena.
19 Saben taun embokne nggawekake jubah cilik lan digawa diwenehake marang Samuel, manawa melu bojone munggah nyaosake kurban sembelehan taunan.
20 Imam Eli banjur paring berkah marang Elkana sarta rabine, pangandikane: “Muga-muga Sang Yehuwah maringi turun marang kowe saka wong wadon iki, minangka lirune kang wis kasaosake marang Sang Yehuwah.” Sawuse iku padha bali mulih menyang ing padunungane.