7 Sang Yehuwah paring mlarat lan sugih,Panjenengane ngesorake lan ngunggulake uga.
8 Panjenengane njunjung wong asor saka ing lebu,lan ngentas wong mlarat saka ing blethokan,kalungguhane jajar karo para bangsa luhur,lan ndadekake dheweke oleh kalungguhan kang mulya.Amarga Sang Yehuwah kagungan dhasaring bumi;lan Panjenengane mrenahake dharatan ana ing dhuwure.
9 Jangkahe wong kang kinasihan diayomi,nanging wong duraka bakal mati lebur ana ing pepeteng.Amarga panguwasaning wong ora saka karosane dhewe.
10 Wong kang bebantahan kalawan Sang Yehuwah bakal padha disirnakake;padha didadekake gumeter dening Panjenengane kalawan gludhug ing langit.Sang Yehuwah ngadili bumi nganti tekan ing poncot-poncote;Panjenengane maringi karosan marang ratu kang dijumenengake,lan ngunggulake sunguning karosane wong kang dijebadi.”
11 Elkana banjur mulih menyang Rama, nanging bocahe ngabdi marang Sang Yehuwah, diawat-awati Imam Eli.
12 Anadene putra-putrane Imam Eli iku padha wong dursila, padha ora maelu marang Sang Yehuwah,
13 utawa watesing wewenange para imam tumrap para bangsa iku. Saben ana wong nyaosake kurban sembelehan, nalika daging mau diolah, bature imam nggawa cukit kang cawang telu,