1 Samuel 20:10-16 JAV

10 Sang Dawud banjur matur marang Pangeran Yonatan: “Sinten ingkang badhe nyukani kabar dhateng kula, samangsa Sang Prabu paring wangsulan sugal dhateng panjenengan?”

11 Pangandikane Pangeran Yonatan marang Sang Dawud: “Sumangga sami medal dhateng ing ara-ara!” Tumuli padha bebarengan metu menyang ing ara-ara.

12 Pangeran Yonatan banjur ngandika marang Sang Dawud: “Demi Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, benjing-enjing utawi benjing emben watawis wanci makaten kula badhe nyumerepi panggalihipun kanjeng rama. Samangsa sae kawontenanipun tumrap Dhimas Dawud, punapa inggih kula boten lajeng kengkenan tiyang ngaturi pirsa dhateng panjenengan?

13 Wangsul manawi rama ngersakaken supados panjenengan manggih bilai, mugi Sang Yehuwah maringana paukuman dhateng Yonatan, malah nglangkungana punika, manawi kula boten matur dhateng panjenengan lan nglilani panjenengan tindak, supados panjenengan saged tindak kanthi wilujeng. Mugi-mugi Pangeran Yehuwah nunggil kaliyan panjenengan kados dene anggenipun nunggil kaliyan kanjeng rama kala rumiyin.

14 Manawi kula taksih gesang, punapa inggih panjenengan boten badhe ngatingalaken sih-kadarmanipun Pangeran Yehuwah dhateng kula? Nanging manawi kula sampun pejah,

15 panjenengan sampun ngantos medhot sihkasetyan panjenengan tumrap turun kula ing salami-laminipun. Lan manawi Pangeran Yehuwah nyirnakaken satunggal-tunggaling mengsahipun Dhimas Dawud saking bumi,

16 sampun ngantos namanipun Yonatan kabusek saking tedhak-turunipun Dhimas Dawud, ugi manawi Pangeran Yehuwah badhe males ukum dhateng mengsah-mengsahipun Dhimas Dawud.”