19 Benjing embenipun panjenengan temtu dipun padosi, panjenengan kula aturi umpetan wonten ing pasingidan ing dinten lelampahan punika, lan panjenengan lenggah ing sandhing gumuk parang.
20 Kula lajeng badhe nglepasaken jemparing tiga ing sacelakipun kados-kados kula nginceng lesan makaten.
21 Lan panjenengan pirsani, kula badhe ngengken rencang kula: Mangkata golekana panahe! Manawi kula cariyos dhateng rencang punika kanthi swara manti-manti: O, panah-panahe cerak bae, rada mrene maneh, jupukana, -- ateges panjenengan kula aturi rawuh, amargi demi Sang Yehuwah ingkang gesang, panjenengan wilujeng, boten wonten bebaya punapa-punapa.
22 Nanging manawi kula cariyos dhateng lare nem punika makaten: We lah panah-panahe tekan adoh kana! -- panjenengan kula aturi tindak, amargi Sang Yehuwah ndhawuhi panjenengan tindak.
23 Menggah prakawis ingkang sami kula prasetyakaken ing antawisipun kula lan panjenengan, lah, Sang Yehuwah wonten ing antawisipun kula lan panjenengan ngantos ing salami-laminipun.”
24 Sawuse iku Sang Dawud umpetan ana ing ara-ara. Nalika wus ngancik sasi anyar, Sang Prabu lenggah dhahar.
25 Sang Prabu lenggah ana ing palenggahane kaya adhate, ing sacedhake tembok. Pangeran Yonatan ngadhep ana ing ngarsane. Senapati Abner lenggah ana ing sacedhake Sang Prabu, nanging palenggahane Sang Dawud tetep kothong.