26 Lan ing dina iku Sang Prabu ora ngandika apa-apa, amarga panggraitane: “Bokmanawa ana apa-apa tumanduk marang dheweke. Bokmanawa Dawud lagi najis, iya dheweke mesthi lagi najis.”
27 Nanging ing dina sawuse sasi anyar iki, ing dina kang kapindho, nalika palungguhane Sang Dawud tetep kothong, Sang Prabu ndangu marang Pangeran Yonatan, kang putra: “Geneya anake Isai ora ndherek dhahar, dhek wingi ora, saiki uga ora?”
28 Atur wangsulane Pangeran Yonatan: “Dawud sampun nyuwun palilah kanthi sanget dhateng kawula, kaparenga dhateng Betlehem,
29 tembungipun: Keparenga kula nyuwun pamit, amargi wonten upacara sidhekahan kangge kulawarga kula ing kitha; para sadherek kula piyambak ingkang murugi kula. Milanipun manawi panjenengan welas dhateng kula, kula panjenengan lilani tuwi para sadherek kula. Punika sebabipun Dawud boten ndherek ing bujananipun Sang Prabu.”
30 Sang Prabu banjur muntab dukane marang Pangeran Yonatan, pangandikane marang kang putra: “Anak sundel, kang murang tata! Ingsun rak wus mirsa, yen sira milih marang anake Isai lan iku kang marakake wirangira lan guwa-garbane ibunira.
31 Awitdene, sanyata salawase anake Isai isih urip ana ing lumahing bumi, sira lan kaprabonira ora bakal santosa. Lan saiki utusana wong nimbali lan ngirid Dawud marang ing ngarsaningsun, amarga wong iku kudu mati.”
32 Ananging Pangeran Yonatan ngaturi wangsulan marang Sang Prabu Saul, kang rama: “Kenging punapa Dawud kedah dipun pejahi? Punapa ta kalepatanipun?”