31 Awitdene, sanyata salawase anake Isai isih urip ana ing lumahing bumi, sira lan kaprabonira ora bakal santosa. Lan saiki utusana wong nimbali lan ngirid Dawud marang ing ngarsaningsun, amarga wong iku kudu mati.”
32 Ananging Pangeran Yonatan ngaturi wangsulan marang Sang Prabu Saul, kang rama: “Kenging punapa Dawud kedah dipun pejahi? Punapa ta kalepatanipun?”
33 Sang Prabu nuli nlorongake towoke marang Pangeran Yonatan arep disedani. Dadine Pangeran Yonatan mirsa, Yen kang rama wus mutus arep nyedani Sang Dawud.
34 Mulane Pangeran Yonatan jumeneng lan nilar papan bujana kanthi mulad-mulading dukane. Ing dina kapindho sasi anyar iku Pangeran Yonatan ora dhahar apa-apa, amarga panjenengane sekel galihe marga saka Sang Dawud, jalaran kang rama wus ngremehake Sang Dawud.
35 Esuke Pangeran Yonatan tindak menyang ing ara-ara kadherekake abdi cilik kaya kang dadi prasetyane marang Sang Dawud.
36 Pangeran Yonatan ngandika marang abdine: “Mlayua golekana panah-panah kang daklepasake.” Lagi bae abdi mau mlayu, Pangeran Yonatan nglepasake panah nglangkahi sirahe abdi mau.
37 Bareng abdi mau tekan ing prenahe panah kang dilepasake Pangeran Yonatan mau, Pangeran Yonatan alok-alok saka ing burine abdi mau: “Panah iku rak luwih adoh kana.”