35 Esuke Pangeran Yonatan tindak menyang ing ara-ara kadherekake abdi cilik kaya kang dadi prasetyane marang Sang Dawud.
36 Pangeran Yonatan ngandika marang abdine: “Mlayua golekana panah-panah kang daklepasake.” Lagi bae abdi mau mlayu, Pangeran Yonatan nglepasake panah nglangkahi sirahe abdi mau.
37 Bareng abdi mau tekan ing prenahe panah kang dilepasake Pangeran Yonatan mau, Pangeran Yonatan alok-alok saka ing burine abdi mau: “Panah iku rak luwih adoh kana.”
38 Pangandikane Pangeran Yonatan maneh: “Ayo dikebat, aja mandheg bae.” Abdi iku banjur ngukupi panahe lan diaturake bali marang bendarane.
39 Ananging abdi iku ora ngreti apa-apa; mung Pangeran Yonatan lan Sang Dawud kang ngretos prakara iku.
40 Sawuse iku Pangeran Yonatan masrahake gegamane marang abdi kang ndherek panjenengane, pangandikane: “Mangkata, gawanen menyang ing kutha!”
41 Abdi iku banjur mulih, Sang Dawud banjur medal saka ing sisihe gumuk parang, nuli sujud konjem ing bumi lan nyembah ambal kaping telu. Karone padha aras-ingaras lan padha muwun. Wasana Sang Dawud bisa ngiyat-ngiyatake sarirane.