1 Senapati Dawud rawuh ana ing Nob murugi Imam Akhimelekh. Imam iku methukake Sang Dawud kanthi kaget, ature marang panjenengane: “Punapaa rawuh panjenengan kok piyambakan lan boten wonten ingkang ndherekaken?”
2 Wangsulane Sang Dawud marang Imam Akhimelekh: “Kula dipun paringi ayahan dening Sang Prabu kanthi piweling: Sapa-sapaa ora kena nyumurupi prakara kang dadi perlune sira sunutus lan kang sunbubuhake marang sira iku. Milanipun tiyang-tiyang kula sami kula ken dhateng wonten ing satunggaling panggenan.
3 Dene sapunika panjenengan kagungan punapa? Kula panjenengan sangoni roti gangsal iji utawi punapa kemawon ingkang wonten.”
4 Wangsulane Imam Akhimelekh marang Sang Dawud: “Kula boten gadhah roti limrah, ingkang wonten namung roti sengkeran; anggeripun tiyang-tiyang panjenengan sami cegah nggepok tiyang estri.”