1 Samuel 21:5-11 JAV

5 Wangsulane Sang Dawud marang Imam iku: “Pancen kula sami boten kenging ngempali tiyang estri kados kala rumiyin-rumiyin, manawi kula sami mangsah perang. Badanipun tiyang kula sami suci, sanadyan namung kekesahan limrah, langkung malih ing dinten punika. Satunggal-tunggalipun sami suci badanipun.”

6 Imam Akhimelekh banjur ngaturi roti sengkeran, amarga ing kono ora ana roti liyane kajaba roti sesaosan; roti iku sabenere kalorod saka ing ngarsane Sang Yehuwah, supaya ing dina iku disalini roti anyar maneh.

7 Ing dina iku uga kono ana sawijining punggawane Sang Prabu Saul, kang dipiji ngladeni Sang Yehuwah, jenenge Doeg, wong Edom, tetindhihe para pangone Sang Prabu Saul.

8 Sang Dawud ngandika marang Imam Akhimelekh: “Ing ngriki panjenengan punapa boten kagungan waos utawi pedhang? Amargi pedhang utawi dedamel kula boten kula bekta, amargi dhawuhipun Sang Prabu sarwi dadakan.”

9 Ature imam mau: “Pedhangipun Goliat tiyang Filisti ingkang panjenengan pejahi wonten ing Lebak Wit-Ela punika ingkang wonten ing ngriki, kaluruban ing sinjang, ing sawingkingipun efod punika. Manawi badhe panjenengan asta, mangga kula aturi mundhut; sanesipun boten wonten, namung punika.” Pangandikane Sang Dawud: “Boten wonten ingkang nyameni punika, pundi panjenengan paringaken dhateng kula.”

10 Sang Dawud nuli tata-tata lan banjur mangkat ing dina iku uga ngungsi saka ing ngarsane Sang Prabu Saul; tindake wus rawuh ing wewengkone Prabu Akhis, ratu-kutha ing Gat.

11 Para punggawane Prabu Akhis matur marang gustine: “Punapa punika sanes Dawud ratunipun nagari punika? Punapa punika sanes tiyangipun ingkang kangge sesindhenan saur-sauran kaliyan jejogedan makaten:Sang Prabu Saul ngasorake mungsuh ewon,nanging Sang Dawud nganti puluhan ewon?”