13 Sang Yehuwah mugi dadosa hakim ing antawis kawula kaliyan panjenengan dalem, Sang Yehuwah mugi malesaken kawula dhateng panjenengan dalem, nanging tangan kawula boten badhe nempuh panjenengan dalem.
14 Kados bebasanipun tiyang sepuh-sepuh makaten: Wong dursila nuwuhake kadursilan. Nanging tangan kawula boten badhe nempuh panjenengan dalem.
15 Ratunipun Israel nglurugi perang sinten? Sinten ingkang panjenengan dalem oyak-oyak? Segawon pejah! Namung pinjal!
16 Milanipun, mugi Sang Yehuwah dadosa hakim ingkang ndhawahaken kaleresan ing antawisipun kawula kaliyan panjenengan dalem. Panjenenganipun mugi ngudanenana saha mbelani prakawis kawula lan paring kaadilan dhumateng kawula saha ngluwari kawula saking asta dalem.”
17 Bareng Sang Dawud wus rampung anggone munjuk mengkono iku marang Sang Prabu Saul, Sang Prabu Saul banjur ngandika: “Apa iku suwaranira, he putraningsun Dawud?” Sawuse iku Sang Prabu muwun kanthi suwara dumeling.
18 Pangandikane marang Sang Dawud: “Becik sira tinimbang ingsun, amarga sira nandukake kabecikan marang ingsun, mangka ingsun nandukake piala marang sira.
19 Ing dina iki sira wus nelakake kabecikanira marang ingsun. sanadyan Sang Yehuwah wus masrahake ingsun marang tanganira ewadene sira ora nyedani ingsun.