6 Panggalihe Sang Dawud dadi goreh amarga ngiris poncoting pangagemane Sang Prabu Saul;
7 nuli ngandika marang para pandhereke: “Sang Yehuwah muga ngedohna aku saka pratingkah kang mangkono marang gustiku, marang jebadaning Yehuwah, yaiku mulung tangaku nglawan marang panjenengane, awit panjenengane iku kang jinebadan dening Sang Yehuwah.”
8 Lan Sang Dawud nyegah para pandhereke klawan pangandika kang kaya mangkono iku; panjenengane ora nglilani wong-wong iku nempuh nglawan Sang Prabu Saul. Kacarita Sang Prabu Saul wus jumeneng lan nilar guwa iku arep nglajengake tindake.
9 Sawuse mangkono Sang Dawud uga jumeneng medal saka ing guwa iku lan nguwuh-uwuh marang Sang Prabu Saul saka ing pengkerane, ature: “Dhuh Gusti kawula Sang Prabu, ratu kawula.” Sang Prabu Saul noleh, Sang Dawud nuli jengkeng kalawan pasuryane nganti konjem ing bumi, sarta banjur sujud nyembah.
10 Sang Dawud banjur matur marang Sang Prabu: “Kenging punapa dene panjenengan dalem kok miyarsakaken dhateng tembungipun tetiyang ingkang sami munjuk: Lah Dawud ngangkah dhateng bilai dalem.
11 Kauningana, ing dinten punika panjenengan dalem mirsa piyambak, bilih Sang Yehuwah sampun masrahaken panjenengan dalem ing tangan kawula wonten ing guwa punika; wonten tiyang ingkang aken kawula supados nyedani panjenengan dalem, nanging kawula ngeman dumateng panjenengan dalem, awit pamanggih kawula: Aku ora bakal mulung tanganku nglawan marang gustiku, amarga panjenengane wus jinebadan dening Sang Yehuwah.
12 Panjenengan dalem pirsani rumiyin, dhuh kanjeng rama, panjenengan dalem pirsani poncoting jubah pangageman dalem ing tangan kawula punika! Mirid saking anggen kawula ngiris poncoting jubah pangageman dalem, ewadene boten ngantos nyedani panjenengan dalem, panjenengan dalem rak saged mirsa lan nguningani, bilih tangan kawula resik saking piawon lan cidra saha bilih kawula boten nglampahi dosa wonten ing ngarsa panjenengan dalem, sanajan panjenengan dalem nguya-uya kawula lan ngangkah nyawa kawula.