1 Samuel 24:9-15 JAV

9 Sawuse mangkono Sang Dawud uga jumeneng medal saka ing guwa iku lan nguwuh-uwuh marang Sang Prabu Saul saka ing pengkerane, ature: “Dhuh Gusti kawula Sang Prabu, ratu kawula.” Sang Prabu Saul noleh, Sang Dawud nuli jengkeng kalawan pasuryane nganti konjem ing bumi, sarta banjur sujud nyembah.

10 Sang Dawud banjur matur marang Sang Prabu: “Kenging punapa dene panjenengan dalem kok miyarsakaken dhateng tembungipun tetiyang ingkang sami munjuk: Lah Dawud ngangkah dhateng bilai dalem.

11 Kauningana, ing dinten punika panjenengan dalem mirsa piyambak, bilih Sang Yehuwah sampun masrahaken panjenengan dalem ing tangan kawula wonten ing guwa punika; wonten tiyang ingkang aken kawula supados nyedani panjenengan dalem, nanging kawula ngeman dumateng panjenengan dalem, awit pamanggih kawula: Aku ora bakal mulung tanganku nglawan marang gustiku, amarga panjenengane wus jinebadan dening Sang Yehuwah.

12 Panjenengan dalem pirsani rumiyin, dhuh kanjeng rama, panjenengan dalem pirsani poncoting jubah pangageman dalem ing tangan kawula punika! Mirid saking anggen kawula ngiris poncoting jubah pangageman dalem, ewadene boten ngantos nyedani panjenengan dalem, panjenengan dalem rak saged mirsa lan nguningani, bilih tangan kawula resik saking piawon lan cidra saha bilih kawula boten nglampahi dosa wonten ing ngarsa panjenengan dalem, sanajan panjenengan dalem nguya-uya kawula lan ngangkah nyawa kawula.

13 Sang Yehuwah mugi dadosa hakim ing antawis kawula kaliyan panjenengan dalem, Sang Yehuwah mugi malesaken kawula dhateng panjenengan dalem, nanging tangan kawula boten badhe nempuh panjenengan dalem.

14 Kados bebasanipun tiyang sepuh-sepuh makaten: Wong dursila nuwuhake kadursilan. Nanging tangan kawula boten badhe nempuh panjenengan dalem.

15 Ratunipun Israel nglurugi perang sinten? Sinten ingkang panjenengan dalem oyak-oyak? Segawon pejah! Namung pinjal!