1 Kacarita Nabi Samuel seda; sakehe wong Israel padha nglumpuk nangisi lan metak panjenengane ana ing daleme ing Rama. Lan Sang Dawud nuli tata-tata sarta banjur bidhal menyang ing ara-ara samun ing Paran.
2 Nalika samana ing Maon ana sawijining wong lanang, kang duwe panggaotan ana ing Karmel. Wong iku sugih banget; duwe wedhus gembel telung ewu lan wedhus jawa sewu. Wong iku ana ing Karmel mbeneri mbathili wedhus-wedhuse.
3 Ana dene jenenge Nabal lan somahe Abigail. Wong wadon iku limpad ing budi lan ayu rupane, nanging sing lanang iku kasar lan wateke ala. Wong iku turune Kaleb.
4 Nalika Sang Dawud miyarsa ana ing pasamunan, yen Nabal lagi mbathili wedhuse,
5 banjur utusan wong sepuluh, iku padha dipangandikani: “Menyanga ing Karmel lan nemonana Nabal. Takokna kaslametane atas jenengku
6 lan tekakna salam taklimku iki marang dheweke: Mugi wilujenga! Mugi wilujenga panjenengan, kulawarga panjenengan, saha tiyang ingkang sami ndherek panjenengan.