21 Maune Sang Dawud wus ngandika: “Tanpa guna anggonku padha ngayomi bandhane wong iku ana ing pasamunan, nganti ora kelangan apa-apa, kabecikanku kok diwales piala.
22 Gusti Allah muga ndhawahna paukuman marang Dawud, malah ngluwihana iku, manawa ngantia sesuk ing kono isih ana wong lanang siji bae kang urip.”
23 Nalika Abigail ndeleng Sang Dawud, age-age mudhun saka ing kuldine, banjur sujud nyembah ana ing ngarsane Sang Dawud, nganti konjem ing bumi.
24 Abigail nyungkemi padane Sang Dawud sarta matur: “Dhuh bendara kawula, kawula piyambak ingkang nyanggi kalepatan. Kalilana kawula matur wonten ing ngarsa dalem, kawula aturi midhangetaken aturipun abdi dalem punika.
25 Bendara kawula sampun ngantos nggalih dhateng pun Nabal, ingkang watekipun awon punika, sebab kadosdene namanipun Nabal inggih goblog tiyangipun. Nanging kawula, abdi dalem, boten sumerep tiyang-tiyang ingkang panjenengan dalem utus.
26 Margi saking punika, dhuh bendara kawula, demi asmanipun Sang Yehuwah, ingkang gesang saha asma dalem, ingkang dipun penggak dening Pangeran Yehuwah anggen panjenengan dalem badhe ngwutahaken rah lan tumindak piyambak ngupados kaleresan, kajengipun kados Nabal mengsah panjenengan dalem saha tiyang ingkang badhe nandukaken piawon dhateng panjenengan dalem.
27 Milanipun atur-atur ingkang kabekta dening abdi dalem punika kaparingna dhateng para tiyang ingkang sami ndherek panjenengan dalem.