1 Samuel 25:25-31 JAV

25 Bendara kawula sampun ngantos nggalih dhateng pun Nabal, ingkang watekipun awon punika, sebab kadosdene namanipun Nabal inggih goblog tiyangipun. Nanging kawula, abdi dalem, boten sumerep tiyang-tiyang ingkang panjenengan dalem utus.

26 Margi saking punika, dhuh bendara kawula, demi asmanipun Sang Yehuwah, ingkang gesang saha asma dalem, ingkang dipun penggak dening Pangeran Yehuwah anggen panjenengan dalem badhe ngwutahaken rah lan tumindak piyambak ngupados kaleresan, kajengipun kados Nabal mengsah panjenengan dalem saha tiyang ingkang badhe nandukaken piawon dhateng panjenengan dalem.

27 Milanipun atur-atur ingkang kabekta dening abdi dalem punika kaparingna dhateng para tiyang ingkang sami ndherek panjenengan dalem.

28 Panjenengan dalem mugi karsaa ngapunten kalepatanipun abdi dalem, amargi Sang Yehuwah temtu badhe mbangun malih tedhak-turun panjenengan dalem ingkang santosa; panjenengan dalem punika nindakaken perangipun Sang Yehuwah, lan boten wonten ingkang awon ingkang pinanggih ing panjenengan dalem ing sasugeng panjenengan dalem.

29 Manawi wonten tiyang ingkang gumregah badhe ngarah nyawa panjenengan dalem, nyawa panjenengan dalem badhe rinimatan ing buntelan panggenaning para tiyang ingkang gesang wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan dalem, namung nyawanipun para mengsah panjenengan dalem badhe kabandhilaken saking lekokaning bandhil.

30 Manawi Sang Yehuwah nandukaken ingkang cundhuk kaliyan sakathahing kasaenanipun kados ingkang kadhawuhaken Pangeran dhumateng panjenengan dalem lan panjenengan dalem kadhawuhan dados ratunipun bangsa Israel,

31 panjenengan dalem boten perlu sekel ing galih lan kaduwung margi ngwutahaken rah tanpa sebab, saha panjenengan dalem tumindak piyambak ngupados kaleresan. Lan manawi Sang Yehuwah nandukaken kasaenan dhateng bendara kawula, mugi ngengetana dhateng abdi paduka punika.”