29 Manawi wonten tiyang ingkang gumregah badhe ngarah nyawa panjenengan dalem, nyawa panjenengan dalem badhe rinimatan ing buntelan panggenaning para tiyang ingkang gesang wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan dalem, namung nyawanipun para mengsah panjenengan dalem badhe kabandhilaken saking lekokaning bandhil.
30 Manawi Sang Yehuwah nandukaken ingkang cundhuk kaliyan sakathahing kasaenanipun kados ingkang kadhawuhaken Pangeran dhumateng panjenengan dalem lan panjenengan dalem kadhawuhan dados ratunipun bangsa Israel,
31 panjenengan dalem boten perlu sekel ing galih lan kaduwung margi ngwutahaken rah tanpa sebab, saha panjenengan dalem tumindak piyambak ngupados kaleresan. Lan manawi Sang Yehuwah nandukaken kasaenan dhateng bendara kawula, mugi ngengetana dhateng abdi paduka punika.”
32 Sang Dawud tumuli ngandika marang Abigail: “Pinujia asmane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, kang ngutus kowe methukake aku ing dina iki.
33 Pinujia kawicaksananmu lan pinujia kowe dhewe, dene ing dina iki kowe menggak aku saka anggonku arep ngwutahake getih lan tumindak dhewe ngupaya kabeneran.
34 Nanging demi asmane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel kang gesang, kang menggak aku saka anggonku arep nandukake piala marang kowe -- saupama kowe ora age-age teka methukake aku, wong-wonge Nabal kang lanang mesthi ora bakal ana siji-sijia kang kari urip nganti ing wayah byar esuk.”
35 Sang Dawud banjur nampeni saka wong wadon iku apa kang dicaosake marang panjenengane, sarta ngandika: “Muliha kanthi slamet; lan aku wis krungu aturmu lan bakal nyembadani panyuwunmu.”