32 Sang Dawud tumuli ngandika marang Abigail: “Pinujia asmane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, kang ngutus kowe methukake aku ing dina iki.
33 Pinujia kawicaksananmu lan pinujia kowe dhewe, dene ing dina iki kowe menggak aku saka anggonku arep ngwutahake getih lan tumindak dhewe ngupaya kabeneran.
34 Nanging demi asmane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel kang gesang, kang menggak aku saka anggonku arep nandukake piala marang kowe -- saupama kowe ora age-age teka methukake aku, wong-wonge Nabal kang lanang mesthi ora bakal ana siji-sijia kang kari urip nganti ing wayah byar esuk.”
35 Sang Dawud banjur nampeni saka wong wadon iku apa kang dicaosake marang panjenengane, sarta ngandika: “Muliha kanthi slamet; lan aku wis krungu aturmu lan bakal nyembadani panyuwunmu.”
36 Saulihe Abigail tekan ing panggonane Nabal, lah wonge lagi nganakake bujana ing omahe wis kaya bujananing raja. Nabal bungah-bungah nganti mendem kepati, mulane kang wadon ora martani sakecap-kecapa, nganti tumeka byar esuk.
37 Nanging esuke, nalika Nabal wus ora mendem, lagi diblakani dening somahe mungguh sakehe prakara iku. Dumadakan jantunge mandheg ing dhadhane lan awake kaku.
38 Lan let watara sepuluh dina sawise iku Pangeran Yehuwah nggebag Nabal, nganti dadi lan patine.