39 Nalika wartane kapireng dening Sang Dawud, pangandikane: “Pinujia asmane Sang Yehuwah, kang mbelani aku ing bab panyamahe Nabal marang aku lan ngampah abdine saka ing panggawe ala. Sang Yehuwah wis nampekake pialane Nabal marang sirahe dhewe.” Sang Dawud banjur utusan wong ngrembug karo Abigail anggone arep dipundhut garwa.
40 Para abdine Sang Dawud nuli nemoni Abigail ana ing Karmel lan pratela marang wong wadon iku mangkene: “Sang Dawud ngutus kula sowan panjenengan, panjenengan punapa karsa dipun pundhut garwa?”
41 Wong wadon iku tumuli gumregah ngadeg, sujud nyembah sumungkem raine konjem ing bumi sarta matur: “Abdi paduka punika saestu kepengin dados parekan ingkang ngwisuhi sukunipun para abdi paduka punika.”
42 Abigail banjur enggal-enggal tata-tata lan nunggang kuldine lan diiringake batur wadon lima. Abigail budhal ngetutake utusane Sang Dawud iku, lan banjur dadi garwane Sang Dawud.
43 Uga Ahinoam wong ing Yizreel wus dipundhut dadi garwane. Putri loro mau dadi garwane.
44 Nanging Sang Prabu Saul wus nrimakake Sang Putri Mikhal, putrane putri marang Sang Palti bin Lais, kang saka ing Galim.