5 banjur utusan wong sepuluh, iku padha dipangandikani: “Menyanga ing Karmel lan nemonana Nabal. Takokna kaslametane atas jenengku
6 lan tekakna salam taklimku iki marang dheweke: Mugi wilujenga! Mugi wilujenga panjenengan, kulawarga panjenengan, saha tiyang ingkang sami ndherek panjenengan.
7 Mentas kemawon kula tampi wartos, bilih sampeyan saweg mbathili menda. Dene para pangen panjenengan boten nate kula arubiru lan boten wonten menda satunggal-tunggala ingkang ical salebetipun kula sami wonten ing Karmel.
8 Kula aturi ndangu para pangen panjenengan piyambak, temtu badhe matur dhateng panjenengan bilih pancen makaten. Milanipun tiyang punika sami manggiha sihpiwelas panjenengan, punika rak kaleresan dinten riyaya? Panjenengan karsaa maringi punapa sawontenipun dhateng para abdi panjenengan saha ingkang putra Dawud.”
9 Satekane ing kana utusane Sang Dawud padha matur marang Nabal atas asmane Sang Dawud ngepleki kaya kang dadi piwelinge Sang Dawud, nuli padha ngenteni.
10 Nanging Nabal mangsuli marang para utusane Sang Dawud mau, pangucape: “Dawud iku sapa? Anake Isai iku sapa? Ing wektu iki akeh para batur kang minggat ninggal bendarane.
11 Apa memper aku njupuk rotiku, banyu omben-ombenku lan kewan belehanku kang daksembeleh kanggo wong-wongku juru ngguntingi, dakwenehake marang wong kang ora genah saka ngendi pinangkane?”