15 Sang Dawud ngandika maneh marang Sang Abner: “Sampeyan punika rak tiyang jaler? Sinten ing antawisipun bangsa Israel ingkang nyameni sampeyan? Kenging punapa sampeyan boten ngreksa dhateng ratu sampeyan? Amargi wonten tiyang saking panunggilanipun rakyat ingkang dhateng badhe nyidra Sang Prabu, Gusti sampeyan.
16 Ingkang sampeyan tindakaken punika boten sae. Demi asmanipun Pangeran Yehuwah agesang, sampeyan wajib dipun pejahi, amargi sampeyan boten ngreksa gusti sampeyan, jebadanipun Sang Yehuwah. Sapunika, sampeyan titipriksa, wonten ing pundi waos saha lantingan ingkang wonten ing ulon-ulonipun Sang Prabu?”
17 Sang Prabu Saul ora pangling marang swarane Sang Dawud, banjur ngandika: “Iku apa swaranira, putraningsun Dawud?” Sang Dawud mangsuli ature: “Inggih dhuh gusti kawula Sang Prabu punika swanten kawula.”
18 Sang Dawud nuli matur maneh: “Kenging punapa ta panjenengan dalem kok nguya-uya abdi dalem punika? Punapa kalepatan kawula? Kalepatan piawon punapa ta tangan kawula?
19 Milanipun, gusti kawula Sang Prabu mugi miyarsakna aturipun abdi dalem punika. Manawi Pangeran Yehuwah ingkang ngosikaken panjenengan dalem supados nglawan dhumateng kawula, mugi Pangeran sinaosana gandaning kurban sesaosan, nanging manawi punika para anaking manungsa, kenginga ipat-ipat wonten ing ngarsanipun Pangeran Yehuwah, amargi tiyang-tiyang punika sami nundhung kawula, temah kawula boten angsal panduman saking kagunganipun Gusti Allah kaliyan tembungipun: Lungaa, ngabektia marang allah liyane.
20 Milanipun, rah kawula sampun ngantos wutah ing bumi tebih saking ngarsanipun Pangeran Yehuwah. Awitdene ratunipun Israel ngarah nyawa kawula, kados mbujeng ayam wana ing pareden.”
21 Sang Prabu Saul banjur ngandika: “Ingsun iki gawe dosa, muliha dhuh putraningsun Dawud, amarga ingsun ora bakal nindakake piala maneh marang sira, awit ing dina iki ana pangemanira marang nyawaningsun; tindak-tandukingsun iku sanyata tanpa budi lan ingsun kesasar babar pisan.”