7 Sang Dawud karo Abisai tekan ing panggonane bala ing wayah bengi lan ing kana Sang Prabu Saul katon sare ana ing satengahe pakemahan, tumbake tumanjeb ing bumi ing ulon-ulone, dene Sang Abner lan balane padha ngglethak ana ing sakubenge.
8 Abisai banjur matur marang Sang Dawud : “Ing dinten punika Gusti Allah sampun masrahaken satru panjenengan wonten ing asta panjenengan, milanipun kalilanana kula nunjemaken Sang Prabu ing bumi kaliyan waos punika, cekap namung sajojohan kemawon, boten sisah kaping kalih.”
9 Nanging Sang Dawud ngandika marang Abisai: “Aja koksedani panjenengane, amarga sapa ta kang namakake tangane marang jebadane Sang Yehuwah, kok ora luput saka ing paukuman?”
10 Sang Dawud ngandika maneh: “Demi asmane Pangeran Yehuwah kang gesang, Pangeran Yehuwah kang bakal nggebag, embuh nganti tumeka ing patine, embuh marga nglurug perang lan tiwas ana ing paprangan.
11 Muga Pangeran Yehuwah ngedohna aku saka namakake tanganku marang jebadane Pangeran Yehuwah. Tumbak kang ana ing ulon-ulone lan kendhi iku jupuken lan payo padha lunga.”
12 Sang Dawud banjur mundhut tumbak lan kendhi saka ing ulon-ulone Sang Prabu Saul, karone banjur padha mundur. Ora ana kang meruhi, ora ana kang ngonangi, ora ana kang nglilir, amarga kabeh padha turu kepati, awit Pangeran Yehuwah damel supaya wong-wong iku padha turu kepati.
13 Bareng Sang Dawud wis rawuh ing sabrang ing sisih kana, nuli jumeneng ana ing pucaking gunung, kapara adoh dadi lete adoh karo wong-wong mau.