1 Nanging Sang Dawud panggalihe mengkene: “Kapriye bae ing sawijining dina aku mesthi nemu tiwas dening astane Sang Prabu Saul. Dadi luwih becik manawa aku enggal-enggal sumingkir saka ing kene menyang ing negarane wong Filisti, temah tumrap Sang Prabu Saul bakal ora bisa nglari aku maneh ana ing saindenging tanah Israel lan aku bakal uwal saka ing astane.”
2 Sang Dawud nuli samekta lan banjur tindak mrana karo wong nem atus, kang padha ndherekake panjenengane, sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Akhis, bin Maokh, ratu ing kutha Gat.
3 Sang Dawud sabalane padha lereb ing bawahe Sang Prabu Akhis ing Gat, sawiji-wijine kanthi kulawargane; Sang Dawud karo garwane loro, yaiku Ahinoam, wong wadon saka ing Yizreel lan Abigail, tilas somahe Nabal, wong wadon saka ing Karmel.
4 Sawuse diaturake marang Sang Prabu Saul, yen Sang Dawud wus ngungsi menyang ing Gat, panjenengane wis ora nggoleki maneh.
5 Sang Dawud matur marang Sang Prabu Akhis: “Manawi kawula manggih sihpiwelas wonten ing ngarsa dalem, kawula mugi kaparingana panggenan ing salah satunggaling kitha ing tanah ngare, kenginga kawula enggeni. Punapa damelipun abdi dalem manggen wonten ing kithanipun kraton dalem?”
6 Ing wektu samana Sang Dawud banjur diparingi kutha Ziklag, iku jalarane Ziklag dadi kagungane para ratu ing Yehuda nganti saprene.
7 Sang Dawud manggen ing wewengkone wong Filisti lawase setaun patang sasi.