7 Sang Dawud manggen ing wewengkone wong Filisti lawase setaun patang sasi.
8 Sang Dawud sabalane mangsah nglurug wong Gesur, wong Girzi lan wong Amalek, amarga wong iki kang padha ngenggoni negara iku wiwit saka Telam terus tekan tanah Sur lan tanah Mesir.
9 Nalika Sang Dawud nempuh kutha iku, ora ana siji bae kang diuripi, iya lananga iya wadona. Sang Dawud njarah wedhus-wedhus, sapi, kuldi unta lan sandhangane, banjur bali sowan marang Sang Prabu Akhis.
10 Yen Sang Prabu Akhis ndangu: “Ngendi kang sira tempuh ing dina iki?” Sang Dawud matur: “Ing tanah Negeb Yehuda” utawa “Ing tanah Negeb tlatahipun tiyang Yerahmeel” utawa “Ing tanah Negeb, tlatahipun bangsa Keni.”
11 Sang Dawud ora nguripi wong siji-sijia, iya lananga iya wadona, kang banjur dibandhang menyang ing Gat, amarga nggalih: “Aja nganti padha martakake bab iku kabeh mangkene: Iki kang ditindakake Dawud.” Mangkono pratingkahe salawase manggon ana ing wewengkone bangsa Filisti.
12 Anadene Sang Prabu Akhis pracaya marang Sang Dawud, amarga nggalih: “Dawud wus ndadekake awake sinengitan dening bangsane, dheweke mesthi tetep dadi abdiningsun ing salawas-lawase.”