1 Samuel 28:9-15 JAV

9 Nanging wong wadon mau mangsuli: “Panjenengan rak temtu mangretos, ingkang dipun tindakaken Sang Prabu Saul, bilih Sang Prabu sampun nyirnakaken saking nagari para prewangan lan juru mbebatang. Kenging punapa panjenengan masangi jiret nyawa kula kadamel mejahi kula?”

10 Sang Prabu Saul banjur supaos demi asmane Sang Yehuwah, pangandikane: “Demi asmane Sang Yehuwah agesang, kowe ora bakal kaluputan marga saka prakara iki.”

11 Sawuse iku wong mau pitakon: “Sinten ingkang kedah kula dhatengaken, supados ngatingali panjenengan?” Paring wangsulane Sang Prabu Saul: “Aku undangna Nabi Samuel, supaya ngatingali marang aku.”

12 Bareng wong wadon mau ndeleng Nabi Samuel, njerit klawan swara dumeling. Wong wadon mau banjur matur marang Sang Prabu mangkene: “Kenging punapa panjenengan dalem ngapusi abdi dalem? Panjenengan dalem punika Sang Prabu Saul piyambak!”

13 Sang Prabu banjur ngandika marang wong wadon iku: “Sira aja wedi. Apa kang sira deleng?” Wong wadon iku mangsuli ature: “Kawula ningali wonten makhluk ilahi jumedhul saking bumi.”

14 Sang Prabu banjur ndangu marang wong wadon iku: “Rupane kapriye?” Atur wangsulane: “Wonten tiyang sepuh jumeneng ngagem jubah.” Sang Prabu banjur mangretos, yen iku Nabi Samuel. Panjenengane banjur sumungkem karo wedanane konjem ing bumi lan sujud nyembah.

15 Sawuse iku Nabi Samuel ngandika marang Sang Prabu Saul: “Geneya kowe ngregoni aku lan nekakake aku?” Wangsulane Sang Prabu Saul: “Kula kepepet sanget, bangsa Filisti nglurugi perang nglawan kula lan Gusti Allah sampun linggar saking kula. Panjenenganipun sampun boten miyarsakaken pandonga kula malih, inggih dadosa lumantar para nabi, dadosa sarana impen. Milanipun kula ngaturi panjenengan, supados maringi pitedah dhateng kula, punapa ingkang wajib kula lampahi.”