1 Wong Filisti ngumpulake sakehe wadyabalane ana ing Afek, dene wong Israel pacak baris ana ing sacedhake sendhang ing Yizreel.
2 Nalika para raja-kutha ing Filisti padha tindak ngliwati golonganing bala atusan lan ewon lan nalika Sang Dawud kanthi balane uga baris ana ing burine ndherekake Sang Prabu Akhis,
3 para panggedhe Filisti mau padha ngandika: “Punapa perlunipun tiyang Ibrani punika?” Paring wangsulane Sang Prabu Akhis: “Punika rak Dawud, rencangipun Saul, ratu ing Israel, ingkang sampun sataun kalih taun punika tumut kula, boten pinanggih kalepatanipun babar pisan wiwit nalika mbalik ngantos dumugi sapriki?”
4 Nanging para senapatine wong Filisti padha duka marang raja Akhis sarta ngucap: “Tiyang punika panjenengan dhawuhi mantuk kemawon, kajengipun wangsul dhateng panggenan, ingkang panjenengan tedahaken, lan sampun ngantos tumut perang kaliyan kita, supados sampun ngantos mbalik nglawan kita wonten ing paprangan. Awit punapa ta ingkang kenging kangge mendhet galihing gustinipun, kajawi sarana masrahaken sirahipun tiyang-tiyang punika?