2 Nalika para raja-kutha ing Filisti padha tindak ngliwati golonganing bala atusan lan ewon lan nalika Sang Dawud kanthi balane uga baris ana ing burine ndherekake Sang Prabu Akhis,
3 para panggedhe Filisti mau padha ngandika: “Punapa perlunipun tiyang Ibrani punika?” Paring wangsulane Sang Prabu Akhis: “Punika rak Dawud, rencangipun Saul, ratu ing Israel, ingkang sampun sataun kalih taun punika tumut kula, boten pinanggih kalepatanipun babar pisan wiwit nalika mbalik ngantos dumugi sapriki?”
4 Nanging para senapatine wong Filisti padha duka marang raja Akhis sarta ngucap: “Tiyang punika panjenengan dhawuhi mantuk kemawon, kajengipun wangsul dhateng panggenan, ingkang panjenengan tedahaken, lan sampun ngantos tumut perang kaliyan kita, supados sampun ngantos mbalik nglawan kita wonten ing paprangan. Awit punapa ta ingkang kenging kangge mendhet galihing gustinipun, kajawi sarana masrahaken sirahipun tiyang-tiyang punika?
5 Punika rak Dawud ingkang kangge kekidungan klayan sesauran sinambi jejogedan:Sang Prabu Saul ngasorake mungsuh ewonnanging Dawud puluhan ewon.”
6 Sang Prabu Akhis banjur nimbali Sang Dawud, pangandikane: “Demi asmane Sang Yehuwah agesang, sira iku wong kang temen lan ingsun nganggep sira becik, yen sira mlebu metu ndherek ingsun ana ing satengahing wadyabala ing paprangan, wiwit sira ndherek marang ingsun nganti tumeka saprene, nanging sira ora disenengi para ratuning kutha-kutha.
7 Mulane sira muliha, mangkata kanthi slamet lan aja nindakake apa kang ala ana ing paningale para ratuning kuthane wong Filisti.”
8 Nanging Sang Dawud matur marang Sang Prabu Akhis: “Punapa ingkang dados pandamel kawula? Punapa kalepatanipun abdi dalem punika, wiwit kawula ndherek panjenengan dalem, ngantos ing dinten punika, dene ngantos boten dipun parengaken ndherek panjenengan dalem perang nglawan mengsahipun gusti kawula Sang Prabu?”