2 Nuju sawijining dina Imam Eli, kang tingale wis lamur lan ora bisa mirsani cetha, pinuju sarean ana ing pasareane.
3 Lampuning padalemane Gusti Allah durung mati. Samuel wis turu ana ing padalemane suci Sang Yehuwah, papaning pethine Gusti Allah.
4 Sang Yehuwah nuli nimbali: “Samuel, Samuel!” lan Samuel matur: “Nuwun kula Rama!”
5 Samuel banjur mlayu marani Imam Eli sarta matur: “Nuwun kula, Rama, punapa Rama nimbali kula?” Nanging Imam Eli ngandika: “Aku ora ngundang, balia turu maneh!” Samuel banjur bali turu.
6 Lan Sang Yehuwah nimbali Samuel maneh. Samuel iya banjur tangi, nuli marani Imam Eli sarta matur: “Nuwun kula, Rama, punapa Rama nimbali kula?” Nanging Imam Eli ngandika: “Aku ora ngundang, ngger anakku, balia turu maneh!”
7 Samuel durung wanuh karo Sang Yehuwah. Pangandikane Sang Yehuwah durung tau kawedhar marang Samuel.
8 Lan Sang Yehuwah nimbali Samuel maneh, kang kaping telune. Samuel iya banjur tangi nuli marani Imam Eli sarta matur: “Nuwun kula, Rama, punapa Rama nimbali kula?” Imam Eli banjur ngretos, manawa Sang Yehuwah kang nimbali bocah iku.