1 Samuel 30:12-18 JAV

12 apadene diwenehi kuwih anjir sairis, lan kuwih kismis rong emplek; sawise mangan banjur katon waras maneh, amarga mentas ora mangan lan ora ngombe sajrone telung dina telung bengi.

13 Sang Dawud nuli ndangu marang wong mau: “Kowe iku bature sapa lan pinangkamu saka ing ngendi?” Wangsulane wong mau: “Kula punika tiyang nem-neman saking Mesir, rencangipun tiyang Amalek. Kula dipun tilar bendara kula, amargi tigang dinten kepengker kula lajeng sakit.

14 Kula mentas sami nggepuk Tanah Negeb gadhahanipun tiyang Kreti tuwin daerah Yehuda saha Tanah Negeb Kaleb, lan Ziklag sampun kula besmi ngantos telas.”

15 Sang Dawud ndangu maneh: “Apa kowe bisa nuduhake dalane menyang panggonane grombolan iku?” Ature wong mau: “Sumangga panjenengan supaos atas asmanipun Sang Yehuwah agesang, bilih panjenengan boten badhe mejahi kula saha masrahaken badan kula dhateng bendara kula, kula lajeng badhe nedahaken panggenanipun grombolan punika.”

16 Wong mau banjur nuduhake dalane marang Sang Dawud mrana, lan tinemu para wong iku pating prenca ing saindenging tanah kono, lagi padha mangan lan ngombe sarta padha nganakake pista, amarga saka akehe jarahan anggone ngrayah ana ing tanah Filisti lan Yehuda.

17 Lan esuke Sang Dawud nggecak wong-wong iku wiwit esuk umun-umun nganti tekan suruping srengenge; ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat, kejaba wong nom-noman patang atus kang bisa mlayu nunggang unta.

18 Sang Dawud ngluwari kabeh, apa kang dirampas wong Amalek mau; garwane Sang Dawud karo pisan uga kaluwaran.