17 Lan esuke Sang Dawud nggecak wong-wong iku wiwit esuk umun-umun nganti tekan suruping srengenge; ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat, kejaba wong nom-noman patang atus kang bisa mlayu nunggang unta.
18 Sang Dawud ngluwari kabeh, apa kang dirampas wong Amalek mau; garwane Sang Dawud karo pisan uga kaluwaran.
19 Ora ana kang kecicir, wiwit barang kang remeh tumeka kang gedhe, dalasan anak-anake lanang wadon; barang jarahan lan sapanunggalane kang wus dirampas wong-wong mau; kabeh iku kagawa bali dening Sang Dawud.
20 Sang Dawud ngrebat sakehing wedhus lan sapi; kabeh padha digiring ana ing ngarsane kalawan nguwuh: “Iki jarahane Sang Dawud.”
21 Bareng Sang Dawud rawuh ing panggonane wong rong atus kang padha kesayahen ndherekake Sang Dawud, lan kang diparengake kari ana ing sacedhake kali Besor, wong iku padha metu methukake rawuhe Sang Dawud lan wong kang padha ndherek. Sang Dawud banjur marepeki wong-wong iku sarta uluk salam.
22 Wusana ana rembuge wong kang ala lan ambek dursila saka panunggalane kang ndherekake Sang Dawud, tembunge: “Sarehne wong iku ora padha melu kita, aja diwenehi apa-apa saka barang jarahan, kang wus kita rebut iku kejaba mung anak-bojone dhewe-dhewe bae. Iku kareben diepek lan cikben padha lunga.”
23 Nanging Sang Dawud ngandika: “He para sadulur, aja padha tumindak kaya mangkono, tumrap apa-apa kang wus diparingake Sang Yehuwah marang kita. Panjenengane wis ngayomi kita lan masrahake grombolan kang nempuh kita marang ing tangan kita.