2 Wong-wong wadon lan sakehe wong lanang kang ana ing kono, tuwa anom, wis padha ditawan, tanpa ana kang dipateni siji-sijia, kabeh padha kagiring kalawan nerusake lakune.
3 Bareng Sang Dawud sabalane rawuh ing kono, kutha iku wus kobong nganti entek, dene para bojone lan anak-anake lanang wadon padha ditawan.
4 Sang Dawud muwun, sarta para balane kabeh padha nangis, dumeling swarane, nganti kentekan swara.
5 Garwane Sang Dawud karo pisan uga katut katawan, yaiku: Ahinoam, wong wadon saka Yizreel, lan Abigail randhane Nabal wong ing Karmel.
6 Lan Sang Dawud wis kepepet banget, amarga balane wis padha rasanan arep mbenturi watu. Wong kabeh padha susah banget atine, jalaran saka bojone lan anake lanang-wadon. Nanging Sang Dawud nyantosakake piandele marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe.
7 Sang Dawud banjur dhawuh marang Imam Abyatar bin Akhimelekh: “Efodipun sampeyan bekta mriki.” Imam Abyatar banjur ngaturake Efode marang Sang Dawud.
8 Sang Dawud banjur munjuk marang Pangeran Yehuwah: “Kawula punapa Paduka karsakaken mbujeng grombolan punika? Punapa kawula saged nututi?” Lan Panjenengane ngandika marang Sang Dawud: “Burunen, awit sira mesthi bakal bisa nututi wong-wong iku lan ngluwari para kang padha katawan.”