5 Garwane Sang Dawud karo pisan uga katut katawan, yaiku: Ahinoam, wong wadon saka Yizreel, lan Abigail randhane Nabal wong ing Karmel.
6 Lan Sang Dawud wis kepepet banget, amarga balane wis padha rasanan arep mbenturi watu. Wong kabeh padha susah banget atine, jalaran saka bojone lan anake lanang-wadon. Nanging Sang Dawud nyantosakake piandele marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe.
7 Sang Dawud banjur dhawuh marang Imam Abyatar bin Akhimelekh: “Efodipun sampeyan bekta mriki.” Imam Abyatar banjur ngaturake Efode marang Sang Dawud.
8 Sang Dawud banjur munjuk marang Pangeran Yehuwah: “Kawula punapa Paduka karsakaken mbujeng grombolan punika? Punapa kawula saged nututi?” Lan Panjenengane ngandika marang Sang Dawud: “Burunen, awit sira mesthi bakal bisa nututi wong-wong iku lan ngluwari para kang padha katawan.”
9 Sang Dawud banjur bidhal kadherekake bala wong nem atus, lakune wus padha tekan ing kali Besor; balane salong ana kang kari ana ing kono.
10 Sang Dawud anggone ngoyak katerusake didherekake bala wong patang atus. Wong rong atus kang wis sayah banget, nganti ora bisa nyabrang ing kali Besor, padha kari ana ing kono.
11 Sawuse mangkono wong-wong padha mrangguli wong Mesir ana ing ara-ara; iku nuli disowanake marang ngarsane Sang Dawud. Wong iku diwenehi roti banjur mangan nuli diwenehi ngombe banyu,