2 Wong Filisti ora kendhat-kendhat anggone ngoyak Sang Prabu Saul lan para putrane, lan gawe tiwase Pangeran Yonatan, Abinadab lan Malkisua, para putrane Sang Prabu Saul.
3 Wasana perange sangsaya ngrekasa kagem Sang Prabu Saul; para prajurit panahan kang padha methukake panjenengane, padha natoni panjenengane kalawan banget.
4 Sang Prabu Saul nuli ngandika marang abdine kang ngampil gegaman: “Pedhangira unusen lan aku tuweken. supaya aja nganti wong ikuten iku nyuduk aku, sarta aku banjur digawe sawiyah-wiyah.” Nanging abdi kang ngampil gegaman iku mopo, amarga ora tegel. Wekasan Sang Prabu Saul mundhut pedhange, iku banjur dirungkebi.
5 Nalika abdi kang ngampil gegaman weruh, yen Sang Prabu wus seda, iya banjur ngrungkebi pedhange dhewe, temah mati mbelani gustine.
6 Dadine Sang Prabu Saul lan putrane telu pisan padha seda lan abdi kang ngampil gegaman tuwin sakehing balane padha bareng tiwas ing dina iku.
7 Bareng dideleng wong Israel, kang ana ing sisih kanane lebak lan ing sabrange bengawan Yarden, yen wadyabala Israel wis padha keplayu, apadene Sang Prabu Saul dalasan putra-putrane wis padha seda, banjur padha ninggal kutha-kuthane lan padha lumayu; wong Filisti nuli padha teka lan manggon ing kono.
8 Nalika esuke wong Filisti padha teka mblejedi wong kang mati kepupu, Sang Prabu lan putrane tetelu padha pating glimpang ana ing pagunungan Gilboa.