13 Satekane wong iku, Imam Eli pinuju lenggah ing kursi ing pinggir dalan ngadhang-andhang pawarta, panggalihe tansah dheg-dhegan, jalaran saka pethine Gusti Allah iku. Nalika wong iku lumebu ing kutha lan ngandhakake pawarta iku, wong sawarataning kutha kabeh padha nangis pating jlerit.
14 Bareng Imam Eli mireng panangis iku banjur ndangu: “Kang rame iku apa ta?” Wong iku enggal marani Imam Eli lan ngaturi uninga marang panjenengane.
15 Imam Eli iku yuswane wus sangang puluh wolu taun lan paningale wus lamur, temah ora bisa mirsa maneh.
16 Ature wong mau marang Imam Eli: “Kula keplajeng saking ing satengahing peperangan, saweg ing dinten punika kula mlajeng saking peperangan.” Pandangune Imam Eli: “Kapriye kaanane, ngger?”
17 Wangsulane kang nggawa pawarta mau: “Bangsa Israel sami keplajeng saking ngajengipun bangsa Filisti, rakyat ing ngriki kasoran sanget, punapa dene putra panjenengan kekalih: Imam Hofni lan Pinehas sampun sami seda, sarta pethinipun Gusti Allah dipun bandhang.”
18 Nalika wong mau matur bab pethine Sang Yehuwah, Imam Eli banjur dhawah kelumah saka ing kursine sandhing gapura, temah tugel janggane nuli seda. Amarga wus sepuh tur lema sarirane. Anggone jumeneng hakim lan mrentah wong Israel lawase patang puluh taun.
19 Anadene putrane mantu, garwane Imam Pinehas, wus mbobot sepuh. Bareng mireng yen pethine Sang Yehuwah kena kabandhang lan kang rama marasepuh, apadene kakunge seda, banjur ndheprok, terus mbabar, amarga dadakan nyakiti.