5 Satekane pethi prajanjiane Sang Yehuwah ana ing pakemahan, sakehing wong Israel padha surak-surak seru, nganti ngoregake bumi.
6 Lan wong Filisti kang padha krungu suraking wong mau padha ngucap: “Iki swara apa ta kang sora ana ing pakemahane wong Ibrani iku?” Bareng padha ngreti, yen pethine Sang Yehuwah wus teka ing pakemahan,
7 temahan padha miris atine, awit pangucape: “Gusti Allahe bangsa iku wis rawuh ana ing pakemahan,” lan kawetu tembunge: “Bilai kita, amarga sadurunge, durung tau kelakon kang kaya mangkono iku.
8 Bilai kita! Sapa kang nguwalake kita saka astane Gusti Allah kang nggegirisi banget iku? Iku iya Gusti Allah kang nggebagi wong Mesir srana wewelak rupa-rupa ana ing pasamunan.
9 He wong Filisti, ditatag atimu lan dilanang, supaya ora dadi kawulane bangsa Ibrani iku, kaya dene anggone wong-wong iku biyen padha ngawula marang kowe. Tandangmu dilanang lan mangsaha perang!”
10 Banjur padha mangsah perang, temah wong Israel padha kasoran, padha keplayu menyang ing pakemahane dhewe-dhewe. Luwih dening banget anggone kasoran. Wong Israel kang mati telung puluh ewu, bala dharatan.
11 Apamaneh pethi prajanjiane Gusti Allah dibandhang lan putrane Imam Eli karo pisan, Imam Hofni lan Pinehas padha tiwas.