7 Bareng dideleng dening wong ing Asdod, yen mangkono kaanane, nuli padha ngucap: “Pethine Gusti Allahe bangsa Israel aja nganti tetep ana ing tengah kita kene, awit astane anteb panglawane marang kita lan marang Sang Dhagon allah kita.”
8 Mulane padha ngaturi para ratu kuthane wong Filisti sarta pangucape: “Punapa ingkang badhe kita lampahi tumrap pethinipun Gusti Allahipun Israel punika?” Wangsulane para ratu: “Pethine Gusti Allahe Israel kudu dielih menyang Gat.” Dadine padha ngelih pethine Gusti Allahe Israel mau.
9 Nanging bareng dielih mrana, astane Sang Yehuwah ndhatengake pageger gedhe tumrap marang kutha iku. Panjenengane nggebag wong ing kutha iku, bocah-bocah lan para wong tuwa temah padha wudunen.
10 Wong-wong iku tumuli padha ngusung pethine Gusti Allah menyang Ekron. Nanging satekane pethine Gusti Allah ing Ekron, wong ing kono padha sesambat, pangucape: “Anggone marakake pethine Gusti Allahe Israel marang kita iku supaya mateni kita lan bangsa kita.”
11 Awit saka iku wong-wong banjur padha ngaturi nglempak sakehe ratu kuthane wong Filisti sarta padha matur: “Pethining Gusti Allahipun Israel punika kaaterna, kajengipun wangsul dhateng ing panggenanipun, supados kita saha bangsa kita sampun ngantos dipun pejahi.” Amarga ing sawratane kutha kono ana gegering pepati; astane Sang Yehuwah anteb banget pameteke marang wong ing kono.
12 Wong kang ora mati, diganjar lara wudunen temah pasambate wong ing kutha kono sumengka tekan ing langit.