1 Samuel 6:7-13 JAV

7 Milanipun sami kula aturi mundhut saha nyawisaken kareta enggal saha lembu sarakit ingkang saweg nesepi, ingkang dereng nate dipun etrapi pasangan, lembu wau lajeng sami karakitna ing kareta punika, dene pedhetipun kabektaa mantuk, supados boten tumut.

8 Sasampunipun makaten, pethining Yehuwah kaemotna ing kareta. Barang-barang emas ingkang kedah kacaosaken dhateng Panjenenganipun minangka tebusaning kalepatan, punika kalebetna ing pethi, lajeng kaselehna ing sandhingipun pethining Yehuwah wau. Pethi wau lajeng kajengipun kesah.

9 Nunten sami migatosna: manawi pethi punika medal margi ingkang ngener dhateng ing dhaerahipun, dhateng ing Bet-Semes, punika ateges bilih Panjenenganipun ingkang sampun ndhatengaken kasangsaran ingkang nggegirisi punika dhateng kita. Dene manawi boten makaten, kita lajeng mangretos, bilih sanes astanipun ingkang nempuh kita; namung kapinujon kemawon bab wau tumanduk dhateng kita!”

10 Wong mau iya banjur nindakake mangkono. Padha njupuk sapi kang nusoni sarakit, dirakitake ana ing karetane, nanging pedhete dicancang ana ing ngomah.

11 Pethine Sang Yehuwah diemotake ing kareta iku, apadene pethi kang isi tikus-tikusan lan pepethaning wudun emas.

12 Sapi-sapi iku terus bae metu ing dalan kang anjog ing Bet-Semes, ngliwati ratan gedhe karo mbengah sarta ora menggok nengen utawa ngiwa, dene para ratu-kuthane wong Filisti iku padha tindak ngetutake lakune nganti tutug ing tlatah Bet-Semes.

13 Para wong ing Bet-Semes lagi padha ngeneni gandum ana ing lebak. Bareng padha ndengengek weruh pethi mau lan padha bungah atine.