1 Bareng Nabi Samuel wis sepuh, putrane kakung diangkat dadi hakime wong Israel.
2 Asmane putrane kang pembajeng Yoel lan kang panenggak Abia, sakarone dadi hakim ana ing Bersyeba.
3 Nanging putrane iku tindak-tanduke ora kaya ramane, mburu kauntungan, nampani besel lan ndhoyongake pangadilan.
4 Mulane para tuwa-tuwane Israel padha ngumpul banjur sowan marang ngarsane Nabi Samuel ing Rama,
5 sarta matur: “Panjenengan sampun sepuh lan putra-putra panjenengan tindak-tandukipun boten kados panjenengan; milanipun mugi kaparenga njumenengaken ratu ingkang ngereh kula kados dene bangsa sanes-sanesipun.”
6 Nalika padha matur: “Kula mugi kaparingana ratu ingkang ngereh kula,” tembung iku ora dadi renane Nabi Samuel, mulane Nabi Samuel banjur ndedonga marang Sang Yehuwah.
7 Sang Yehuwah ngandika marang Nabi Samuel: “Turutana panyuwune bangsa iku ing bab sakehing prakara kang diaturake marang sira, amarga dudu sira kang ditampik, nanging Ingsun kang ditampik supaya aja ngratoni maneh marang bangsa iku.