21 Nanging Saul mangsuli: “Kula punika rak tiyang taler Benyamin, taler ingkang alit piyambak wonten ing Israel? Lan malih kulawarga kula punika rak ingkang remeh piyambak ing antawisipun taler Benyamin? Kados pundi Rama kok ngandika makaten dhateng kula?”
22 Sawuse iku Nabi Samuel ngajak Saul lan bature dikanthi menyang pendhapa lan dilungguhake ing panggonan kang mulya dhewe ana ing ngarepe para suruhan, cacahe kira-kira telung puluh.
23 Nabi Samuel tumuli ngandika marang juru olah-olah: “Tengkelan kang dakwenehake marang kowe supaya koksimpen mau, ladekna mrene.”
24 Juru olah-olah banjur ngladekake sampil dalah apa kang kumanthil ing kono ing ngarepe Saul. Lan Nabi Samuel banjur ngandika: “Delengen, ngengehane diladekake ana ing ngarepmu, iku panganen, amarga pancen dingengehake kanggo kowe ana ing pahargyan iki, nalika aku tutur, yen aku ngulemi wong akeh.” Mangkono ing dina iku Saul ndherek dhahar Nabi Samuel.
25 Sawuse iku padha mundhur saka ing tetengger menyang ing kutha. Nabi Samuel banjur ngandikan karo Saul ana ing payon.
26 Esuke umun-umun padha tangi lan bareng wis padhang Nabi Samuel nimbali Saul kang ana ing payon iku, pangandikane: “Tangia, aku arep ngeterake kowe.” Saul banjur tangi lan sakarone padha metu, yaiku Saul karo Nabi Samuel.
27 Bareng padha mudhun tekan ing tepiswiringe kutha, Nabi Samuel ngandika marang Saul: “Baturmu konen lumaku ndhingini aku lan kowe, nanging kowe mandhega sadhela, aku bakal medharake pangandikane Gusti Allah.”