16 Ingsun bakal banjur ndhawahake paukumaningSun marang wong-wong iku,awit saka sakehing pialane,amarga wus padha nyingkur Ingsun,klawan aweh kurban marang allah liyane,lan sujud nyembah marang gaweaning tangane dhewe.
17 Nanging sira iki, becik samektaa,ngadega lan tekakna marang wong-wong iku,kabeh kang Sundhawuhake marang sira.Aja wedi ana ing ngarepe wong-wong iku,supaya Ingsun aja ndadekake wedimu ana ing ngarepe wong-wong iku.
18 Mungguh Ingsun, lah ing dina ikisira Sundadekake beteng kang santosa,saka guru wesi lan balowarti tembaga,nglawan sawarataning nagara iki,nglawan para raja ing Yehuda lan para panggedhene,para imame sarta rakyate nagara iki.
19 Wong-wong iku bakal padha merangi sira,nanging sira ora bakal kalah,amarga Ingsun nganthi sira,supaya ngluwari sira,mangkono dhawuh pangandikane Sang Yehuwah.”