Yeremia 11 JAV

Prasetyane Gusti Allah diselaki

11:1-17

1 Pangandika kang kadhawuhake Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia mangkene:

2 “Rungokna surasane prasetyan iki lan iku dhawuhna marang wong Yehuda lan saisine kutha Yerusalem!

3 Dhawuhna marang wong iku: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel: Kenaa ing ipat-ipat wong kang ora ngrungokake marang surasaning prasetyan iki,

4 kang wus Sundhawuhake marang leluhurira, nalika Sunluwari saka ing tanah Mesir, saka ing pawon pangleburan wesi, kanthi pangandika mangkene: Rungokna dhawuhingSun lan lakonana kabeh kang Sundhawuhake marang sira, temah sira bakal dadi umatingSun lan Ingsun dadi Allahira,

5 supaya Ingsun bisa netepi ing supaos, kang Sundhawuhake marang para leluhurira, manawa bakal Sunparingi tanah kang luber powan lan madu, kaya kang kelakon ing wektu iki.” Nuli unjuk wangsulanku: “Mugi kelampahana makaten, dhuh Sang Yehuwah!”

6 Pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: “Undhangna sakehe pangandika iki ana ing kutha-kuthane Yehuda lan ing lurung-lurunge Yerusalem, mangkene: Rungokna surasane prasetyan iki sarta lakonana!

7 Amarga Ingsun wus mawanti-wanti ngelingake marang para leluhurira, nalika padha Sunluwari saka ing tanah Mesir, tumeka saprene Ingsun tansah ngelingake: Rungokna dhawuhingSun!

8 Ewadene padha emoh ngrungokake lan nggatekake, nanging siji-sijine malah padha nekad nuruti atine kang ala; Ingsun wus ndhatengake sakehing surasane prasetyan iki, kang wus Sundhawuhake murih ditetepana, nanging padha ora ngestokake.”

9 Pangandikane Sang Yehuwah marang aku: “Panunggalane wong Yehuda lan wong isining kutha Yerusalem tinemu padha sekuthon nglakoni ala.

10 Wong iku wus padha mbaleni pialaning para leluhure, kang wus padha lumuh ngrungokake dhawuhingSun. Padha ngetutwuri allah liyane lan dibekteni. Para turune Israel lan Yehuda wus padha nyelaki prasetyaningSun, kang Sundamel karo para leluhure.

11 Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah, Ingsun bakal ndhawahake bilai marang bangsa iki, kang ora bisa dioncati lan samangsa sesambat marang Ingsun ora bakal Sunpidhangetake.

12 Lan sanadyan kutha-kuthane Yehuda lan wong isine Yerusalem padha sesambat marang allahe kang disembah sarana kurban obaran, nanging allah iku babar pisan ora bisa mitulungi, nalika padha tinempuh ing bilai.

13 Amarga sapira cacahe kuthanira, iya samono cacahe allahira, he Yehuda, lan sapira cacahe lurung ing Yerusalem, iya samono cacahe misbyah yeyasanira kanggo allah kang nistha iku, misbyah-misbyah kang kanggo kekutug marang Baal.

14 Dene sira, sira aja ndongakake bangsa iku, amarga Ingsun ora bakal miyarsakake, manawa ana pasambate marang Ingsun marga saka sangsarane iku.

15 Apa gawene kekasihingSun ana ing padalemaningSun, dheweke rak wus nindakake rancangan-rancangane kang ala ta?Nadar-nadar lan daging suciapa bisa nyingkirake bilai saka sira,temah sira bisa bungah-bungah?

16 Sira tau sinebut dening Sang Yehuwah,wit jaitun kang ngrembuyung, asri dinulu.Nanging kanthi swara kang nggegirisiPanjenengane nyuled geni ing godhong-godhonge,temah pang-pange padha kobong.

17 Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi, kang damel sira tuwuh, wus netepake bilai tumrap ing sira, jalaran saka duraka kang dilakoni dening tedhak turune Israel lan Yehuda kanggo gawe gerahing galihingSun sarana anggone kekutug marang Baal.”

Wong ing Anatot padha ngarah nyawane Nabi Yeremia

11:18-23

18 Sang Yehuwah wus paring sumurup marang aku, temah aku ngreti; ing wekdal punika Paduka, dhuh Yehuwah, lajeng nedahaken pandamelipun tiyang punika dhumateng kawula.

19 Nanging kawula rumiyin kados cempe ingkang tutut ingkang kagiring badhe dipun pragat, kawula boten mangretos, manawi sami sekuthon ngarah nyawa kawula, wicantenipun: “Payo kita padha ngrusak wit iki lan sawoh-wohe pisan! Payo iki disirnakake saka ing tanahe wong urip, temah jenenge ora kocap maneh.”

20 Nanging, dhuh Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumados, ingkang jumeneng hakim ingkang adil,ingkang ndadar batos lan manah,kawula mugi nyumerepana piwales Paduka dhateng tiyang-tiyang punika,amargi kawula sampun ngaturaken prakawis kawula wonten ing ngarsa Paduka.

21 Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah tumrap wong-wong ing Anatot, kang ngarah nyawaku, kanthi celathune: “Aja memeca demi asmane Sang Yehuwah, supaya kowe aja nganti mati dening tanganku!”

22 Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi: “Lah, Ingsun bakal ngukum wong-wong iku: para nom-nomane bakal padha mati dening pedhang, anak-anake lanang lan wadon bakal padha mati kaliren.

23 Ora ana kang lestari urip, amarga Ingsun bakal ndhatengake bilai marang para wong Anatot, ing taun tumibane paukumane.”