1 Dhuh Sang Yehuwah, Paduka pancen leres, manawi kawula paben kaliyan Paduka!Namung kawula badhe kumedah-kedah maturdhumateng Paduka bab kaadilan.Punapaa dene gesangipun tiyang duraka kok begja,lan sadaya tiyang ingkang boten setya sami manggih kasantosan?
2 Paduka tuwuhaken ngantos sami ngoyod,gesangipun ngrembaka lan ngedalaken woh ugi.Asma Paduka dipun ucapaken ing lambenipun,nanging batosipun tebih saking Paduka.
3 Dhuh Yehuwah, Paduka tepang lan nguningani kawula,lan Paduka ndadar kadospundi sungkem kawula dhumateng Paduka.Tiyang punika mugi Paduka gered medalkados menda-menda pragatan,lan mugi Paduka pijekaken kangge ing dinten pemragatan.
4 Ngantos pinten dangunipun malih nagari punika dados garing,lan rumput ing ara-ara sadaya sami alum?Margi saking durakanipun ingkang sami manggen ing ngrikusato kewan saha peksi-peksi sami tumpes sirna,awit pangintenipun: “Dheweke ora bakal meruhi tindak-tanduk kita!”
5 “Manawa sira wus lumayu mbarengi wong mlaku dharat,kang marakake sayahira,kapriye bisanira balapan karo jaran?Manawa ana ing tanah kang tentrem,sira ora rumangsa ayem,kapriye bakal polahira ana ing grumbulaning sapinggire bengawan Yarden?
6 Amarga sadulur-sadulurira lan kulawangsaniraiku wus padha nyidrani sira:iku uga bebarengan ana ing burinira.Aja padha sira andel, sanadyan tembungemanis marang sira.
7 Ingsun wus nilar padalemaningSun,nagara kagunganingSun wus Sunbucal,gantilaning galihingSun wus Sunpasrahakemarang mungsuhe.
8 Nagara kagunganingSun wus dadi kayasinga ing alas tumrap Ingsun.Dheweke nyenggrang Ingsun,mulane Sunsengiti.
9 Nagara kagunganingSun wus dadikaya manuk belang tumrap Ingsun;manuk galak padha ngrubung.Payo, sakehing kewan ing ara-ara padha klumpukna,giringen mrene kareben ngentekake iku!
10 Akeh pangon kang wus padha ngrusak kebon angguringSun,ngicak-icak palemahan kang Sunremenididadekake ara-ara kang sepi samun.
11 Pancen mangkono, tanahe wus kadadekake sepi samun,sepi sepen nyedhihake ana ing ngarsaningSun.Saindenging nagara iku sepi mamring,nanging ora ana wong kang nggatekake.
12 Para pangrusak wus padha tekangliwati tengger gundhul ing ara-ara samun,amarga pedhange Sang Yehuwah ngamuk memangsa,saka poncoting nagara kang siji tekan ing poncot sijineora ana katentreman tumrap sabarang kang urip.
13 Wong wus padha nyebar gandum, nanging eri bebondhotan kang dieneni,anggone nggarap gawe kanthi rekasa,mung bae ora ana pituwase,padha nandhang wirang marga saka oleh-olehaning penggawene,wohing bebendune Sang Yehuwah kang mulad-mulad.”
14 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Mungguh para tangganingSun kang dursila, kang wus ngrusuhi nagara, kang wus Sunparingake dadi tanah pusaka marang umatingSun Israel, lah dheweke bakal padha Sunbethot saka ing tanahe sarta turune Yehuda bakal Sunbethot saka ing antarane wong-wong mau.
15 Nanging sawuse Sunbethot, bakal Suntresnani maneh, Ingsun bakal ngulihake siji-sijine menyang ing tanah pusakane lan nagarane dhewe-dhewe.
16 Dene manawa padha sinau carane uripe umatingSun lan banjur ngucapake supata atas asmaningSun: Demi asmane Sang Yehuwah kang gesang, kaya nalikane padha mulang umatingSun supata demi Baal, bangsa iku bakal Sunbangun ana ing antaraning umatingSun.
17 Nanging manawa padha lumuh ngrungokake, Ingsun mesthi bakal mbethot lan numpes bangsa kang kaya mangkono iku. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”