1 Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia, nalika Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil lan sakehing wadya-balane, sakehing karajan ing bumi, reh-rehane, lan sakehing bangsa mangsah perang nglawan Yerusalem tuwin sakehing kutha-kutha wewengkone:
2 “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel: Sira lungaa, aturna marang Zedhekia, ratu ing Yehuda, pangandika iki: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah, Ingsun bakal ngulungake kutha iki marang ing tangane ratu ing Babil, supaya diobong.
3 Lan sira dhewe ora bakal bisa oncat saka ing tangane, sira mesthi bakal kecekel lan dipasrahake marang ing tangane; sira bakal mandeng adu-arep karo ratu ing Babil, lan sapocapan karo dheweke, sarta sira bakal ditawan menyang ing Babil.
4 Ewadene sanadyan makaten, kawula aturi miyarsakaken pangandikanipun Sang Yehuwah, dhuh Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda, amargi makaten pangandikanipun Sang Yehuwah tumrap panjenengan dalem: Sira ora bakal mati dening pedhang!
5 Sira bakal mati kanthi tentrem. Sira isih bakal dikurmati sarana obong-obongan kaya para leluhurira, para ratu ing jaman biyen, ing sadurunge sira; mangkono uga sira isih ditangisi kalawan tembung pangadhuh: Adhuh Gusti! Sanyata Ingsun kang ndhawuhake pangandika iki. Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah.”
6 Nabi Yeremia banjur ngaturake pangandika iku marang Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda, ana ing Yerusalem,
7 nalika wadya-balane ratu ing Babil nempuh perang nglawan Yerusalem lan kekarene kutha-kuthane Yehuda, yaiku Lakhis lan Aseka, amarga panunggalane kutha-kuthane Yehuda mung kari iku kang isih ana balowartine.
8 Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia, sawuse Sang Prabu Zedhekia damel prajanjian karo rakyat ing Yerusalem kabeh supaya ngundhangake kamardikan,
9 supaya saben wong ngluwarana bature bangsa Ibrani, iya lanang iya wadon, amrih dadi wong mardika, temah ora ana wong sawiji-wijia kang duwe batur wong Yehuda, sadulure.
10 Sakehing panggedhe, lan rakyat kabeh kang padha melu ing prajanjian iku padha nyarujuki manawa saben wong bakal ngluwari bature lanang lan wadon, supaya padha dadi wong mardika, temah ora ana wong sawiji-wijia kang duwe batur panunggalane wong iku. Wong-wong padha nyarujuki lan padha mardikakake para bature.
11 Nanging sawuse iku padha salin gagasan, banjur njupuk batur kang wus padha dimardikakake, padha dipeksa ngenger maneh, lanang lan wadon.
12 Banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia, mangkene:
13 “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel: Ingsun piyambak wus damel prajanjian kalawan para leluhurira, ing nalika padha Sunentasake saka ing tanah Mesir, saka ing tanah pangawulan, isine:
14 Ing sawuse pitung taun sira siji-sijine kudu mardikakake sadulure bangsa Ibrani kang wus padha ngedol awake marang sira; dheweke bakal padha ngenger nem taun suwene, nuli kudu kokluwari banjur dadi wong mardika. Nanging para leluhurira ora padha ngestokake lan nggatekake marang dhawuhingSun.
15 Ing dina iki sira wus padha mratobat lan nglakoni apa kang bener ana ing ngarsaningSun, amarga saben wong wus padha ngundhangake kamardikan marang sadulure lan sira wus prajanji ana ing ngarsaningSun ana ing padaleman, kang ing sadhuwure sinebut asmaningSun.
16 Nanging sira banjur padha salin gagasan lan njemberake asmaningSun: sira sawiji-wijine padha mbaleni bature lanang lan wadon, kang wis sira mardikakake miturut pepenginane, lan meksa para wong iku dadi baturira maneh.
17 Mulane pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Sira ora padha ngestokake dhawuhingSun, kang supaya saben wong ngundhangake pangluwaran marang sapepadhane lan sadulure, mulane lah, Ingsun ngundhangake tumrap sira, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, kebebasan marang pedhang, pageblug lan pailan. Sira bakal Sundadekake kang njalari girise sakehing karajan ing bumi.
18 Lan Ingsun bakal ngulungake para wong kang nerak prajanjianingSun lan ora nuhoni isining prajanjian, kang digawe ana ing ngarsaningSun kanthi nyigar pedhet dadi loro, sarta banjur lumaku ing antaraning sigarane,
19 para panggedhe Yehuda, para panggedhe Yerusalem, punggawa karaton, para imam lan rakyat kabeh kang wus mlaku ing antarane sigaraning pedhet iku,
20 wong iku bakal padha Sunulungake marang tanganing mungsuhe, lan para wong kang ngarah nyawane, wasana mayite banjur bakal dadi pakane manuk ing awang-awang lan kewan ing bumi.
21 Uga Zedhekia, ratu ing Yehuda dalah para panggedhene bakal Sunulungake marang tanganing mungsuh lan marang wong kang ngarah nyawane tuwin marang ing tangane wadya-balane ratu ing Babil, kang ing wektu iki padha budhalan ninggal sira.
22 Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Lah, Ingsun wus paring dhawuh lan mangsulake wadya-bala iku menyang ing kutha kene, banjur nempuh perang, mbedhah lan ngobong kutha iki. Kutha-kuthane Yehuda bakal Sundamel ludhes, nganti ora ana wong kang ngenggoni.”