1 “Dosane Yehuda iku wus tinulisankalawan pen wesi, kang lancipe inten,ingukir ana ing papaning atinelan ana ing sungu-sunguning misbyahe
2 minangka pepeling tumrap para wong iku!-- Misbyah-misbyahe lan sesakaning brahalanepancen ana ing sandhinging wit kang nggrembel,ana ing tengger kang dhuwur,
3 yaiku ing pagunungan ing ara-ara. --Kasugihan lan sakehing raja-brananirabakal Sunparingake dadi rayahanminangka piwales tumrap ing dosaniraana ing saindenging tlatahira.
4 Sira bakal kelangan tanah-pusakanirakang wus Sunparingake marang siralan Ingsun bakal ndadekake sira dadi bature mungsuhiraana ing nagara kang durung sira sumurupi,amarga ing sajroning bebenduningSungenine wus murubkang bakal mulad-mulad ing salawase.”
5 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:“Kenaa ing ipat-ipat wong kang ngandelake marang manungsa lan karosane dhewe,sarta kang atine ngadoh saka Sang Yehuwah!
6 Dheweke bakal kaya rerungkudan brindhiling ara-ara samun,ora bakal ngrasakake tekaning kaanan kang becik;bakal manggon ing tanah garing ing pasamunan,ing tanah asin kang suwung.
7 Binerkahan wong kang kumandel marang Sang Yehuwah,lan pangarep-arepe marang Sang Yehuwah!
8 Dheweke bakal kaya wit kang tinandur ana ing pinggiring banyu,kang oyod-oyode mrambat ing pinggiring kali,lan kang ora ngalami tekane panas sumelet,godhonge ajeg ijo,ora samar ing mangsa ngerak lan tanpa kendhat metokake woh.
9 Ati iku culika banget,luwih culika katimbang apa bae,atine wis kaya watu:sapa kang bisa nyumurupi kaanane?
10 Ingsun, Yehuwah, kang niti-priksa ati,kang ndadar batining manungsa,lan banjur males marang saben wong,kang timbang karo polah-tingkahe, lan wohing panggawene.”
11 Kayadene ayam-alas kang ngengremi dudu endhoge,mangkono kaanane wong kang ngeruk bandha,kanthi patrap kang ora kalal;nalika nedheng-nedhenge umure,bakal koncatan sakabehe,temah ing wekasaning umurekesuwur dadi wong gemblung.
12 Dhuh Dhamparing kamulyan, ingkang luhur wiwit kina-makina,Padaleman Suci kita!
13 Dhuh Sang Yehuwah, Pangajapipun Israel,sadaya tiyang ingkang nyingkur Paduka temtu kawirangan.Para tiyang ingkang sami nyimpang saking Paduka,badhe kasirnakaken saking nagari,amargi sami nilar tuking toya gesang,inggih punika Sang Yehuwah.
14 Dhuh Sang Yehuwah, kawula mugi Paduka sarasaken,temah kawula badhe saras;kawula mugi Paduka wilujengaken,temah kawula badhe wilujeng,amargi Paduka punika pepujan kawula!
15 Lah, tiyang punika sami wicanten dhumateng kawula:“Ana ing ngendi pangandikane Sang Yehuwah iku?Cikbene saiki teka!”
16 Ewasamanten kawula boten nate ngajapdhumateng Paduka supados ndhatengaken bilai,kawula boten ngajeng-ajeng dhatengipun dinten karibedan;inggih Paduka punika ingkang nguningani punapa ingkang medal saking lambe kawula,sadaya kabeber wonten ing ngarsa Paduka.
17 Paduka sampun ngantos dados pagiris tumrap kawula,Paduka punika dados pangauban kawula ing dinten bilai.
18 Para tiyang ingkang sami mbujeng kawula,kajengipun nandhang wirang,nanging kawula sampun ngantos kawirangan;kajengipun sami giris,nanging kawula sampun ngantos giris.Dintening bilai nempuha dhateng para tiyang punika,saha sami Paduka sirnakna ngantos tikel.
19 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah marang aku: “Sira lungaa lan ngadega ana ing Gapura Anak Rakyat, kang diliwati mlebu metu dening raja-raja ing Yehuda, apadene ing sakehing gapura ing Yerusalem.
20 Wong-wong iku padha sira dhawuhana mangkene: Dhuh para raja Yehuda, sakathahing tiyang Yehuda lan sakathahing tiyang Yerusalem ingkang mlebet medal langkung ing gapura punika! Sami mirengna pangandikanipun Sang Yehuwah!
21 Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Sira padha diprayitna demi nyawanira! Aja memikul ing dina Sabat lan nggegawa iku ngliwati gapura-gapurane Yerusalem!
22 Aja nggawa barang metu saka ing omahira ing dina Sabat lan aja nglakoni pagawean apa bae, nanging dina Sabat iku sira sucekna kaya kang wus Sundhawuhake marang leluhurira.
23 Ewadene para leluhurira padha ora ngrungokake, lan ora nggatekake, nanging padha nekad mbeguguk, temah ora ngrungokake lan ora gelem nampani pepeling.
24 Samangsa sira ngrungokake dhawuhingSun kalawan temen-temen, -- makaten pangandikanipun Sang Yehuwah --, lan ora nggawa mlebu samubarang liwat gapura-gapuraning kutha iki ing dina Sabat, nanging nucekake dina Sabat lan ora nglakoni pagawean ing dina iku,
25 gapura-gapura iku bakal kaliwatan para raja lan para panggedhe, kang bakal lungguh ing dhampare Dawud, padha nunggang kareta lan jaran: para ratu iku, para panggedhene, para wong Yehuda lan wong isine kutha Yerusalem. Sarta kutha iki bakal dienggoni ing wong ing salawase.
26 Para wong saka ing kutha-kuthane Yehuda lan saka ing panggonan-panggonan ing sakubenge Yerusalem, saka tanahe Benyamin, lan saka Dhaerah Tengger, saka ing pagunungan sarta saka ing Tanah Negeb, kanthi nggawa kurban obaran, kurban sembelehan, kurban dhaharan lan menyan, ngaturake kurban pamuji sokur menyang ing padalemane Sang Yehuwah.
27 Balik samangsa sira padha ora ngrungokake dhawuhingSun lan ora nucekake dina Sabat lan memikul samubarang mlebu ngliwati gapurane Yerusalem ing dina Sabat, ana ing gapura-gapura kono Ingsun bakal ngurubake geni, kang bakal mangsa puri-puri Yerusalem nganti tapis, lan kang ora bisa sinirep.”